09/10/11

Instal win7 Ngangge USB Flash Disk

salah setunggale coro kangge instalasi Operating System khusus kangge Windows7 teng komputer, njih meniko ngangge perangkat ingkang aranipun Removable. perangkat meniko jenise wonten katah sanget, kados DVD Portable, Flashdisk, lan sakpanunggalane.
kangge ulasan wedal puniko, ajeng di cobi instalasi ngange Flashdisk aplikasi ingkang wajib dipun instal nggih meniko Windows7-USB-DVD-tool, saget di unduh teng mriki:


semisal ajeng dipun damel teng Windows Xp sak derenge wajib dipun instal Image Mastering API v2.0, saget diunduh teng mriki:

saget mawon ngangge aplikasi sing gampang melih WinToFlash, unduh teng mriki:




20/06/11

Mikir sing ora biasane

Rasa ayem wis nggawe salah sijine manungso dadi statis nglakone urip ning alam donyo iki, kebecikan wis nyebar ning dunyo iki, ugo kabeh sing olo ora iso di elakke ning urip sak dino-dinone.
mung di gawe ruwet, wedi, kawatir lan sumpek. kabeh mau mung sedelo kanggo wong sing eling.

teko ora nggowo opo-opo karepe mulih nggowo sembarang ndengah.
teko ora reti opo-opo pingine mulih reti kabeh.
ora tau nandur pingine ngundoh.
ora tau mbangun isone ngrusak.

manungso sing diarani kendel, yoiku manungso wani karo awakke dewe, iso ngalahke awakke dewe, wani ngurusi kesalahane dewe-dewe.

menawi njenengan kerso, monggo. menawi mboten, kangge kulo dewekan.