20/06/11

Mikir sing ora biasane

Rasa ayem wis nggawe salah sijine manungso dadi statis nglakone urip ning alam donyo iki, kebecikan wis nyebar ning dunyo iki, ugo kabeh sing olo ora iso di elakke ning urip sak dino-dinone.
mung di gawe ruwet, wedi, kawatir lan sumpek. kabeh mau mung sedelo kanggo wong sing eling.

teko ora nggowo opo-opo karepe mulih nggowo sembarang ndengah.
teko ora reti opo-opo pingine mulih reti kabeh.
ora tau nandur pingine ngundoh.
ora tau mbangun isone ngrusak.

manungso sing diarani kendel, yoiku manungso wani karo awakke dewe, iso ngalahke awakke dewe, wani ngurusi kesalahane dewe-dewe.

menawi njenengan kerso, monggo. menawi mboten, kangge kulo dewekan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar